Kumpulan Geguritan


Hai guys selamat siang!
gimana kabar kalian? baik kan.
okay guys, pada kesempatan kali ini aku berkesempatan untuk memposting karya amatirku tentang geguritan geguritan berbahasa jawa yang memang merupakan bagian dari tugas sekolahku juga.
mengapa ku post di sini? ya supaya dapat ku dokumentasikan dan mungkin saja dapat bermanfaat bagi kalian.
langsung aja ya!
Happy Reading guys!😉





Eling
dening Hegi Kurniajati

Wayah cahyane sang Hyang Rawi lerep
Mapan mangulon ambayang purwa
Semburat mega rekta ra isa ditandingake

Duh Gusti...

Namung rasa syukur saking lathi
Kang tansah pangucap
Dhumateng sang Maha Agung

Gusti...

Satunggal panyuwun kula
Tuntun kawula wonten ing margi
Ingkang dipun-ridhai






Pangapunten
dening Hegi Kurniajati

Bilih manah sampun tresna
Tan ical dhateng menapa
Nala ra isa dak omongi

Mboten...

Namung katresnan kang diraos

Pangapunten...

Namung pangapunten kang pangucap
Saking raos katresnanku





Ndalu
dening Hegi Kurniajati

kanthi sami tilem
Ranah ngerik swara kang samun
Kekes lumintir sunare Hyang Rawi
Nitik rumintik kelip cahyane lintang

Ingsung tangi...

Nunduk nyujud nyembah sang Hyang Widhi
Njunjung tangan, tadah pangarepan
Mugio dak katurutan
Dening Gusti panguwasaning alam




Gimana guys? karyaku memang jauh dari kata baik atau layak.
ya namanya juga amatir.😂
komentar kalian sangatlah diperlukan guys!
don't forget cantumkan sumber ya guys jika mau di copy paste.
happy wednesday guys!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Teks Tanggapan Kritis "Tempat Parkir Bagi Siswa Yang Tidak Ditempatkan Dalam Sekolah"

PRODUK OLAHAN SETENGAH JADI DARI DAGING "BAKSO"